Minggu, 24 Oktober 2010

....TRESNO......

tresna......
lumintu saka dasaring kalbu....
nuwuh ake rasa pangroso kanggo kabecikan pawongan kang ditresnani..
nanging menowo tresna amung metu soko lamising  lathi, amung adhedasar napsu pribadi
abot sanggane kanggo liyan.....

jer tresno iku kanggo dalan tumuju urip ikang luwih becik, kanggo mergo nggayuh urip suci ono dalane Hyang Widhi...


 ananging kathah jalma kang salah kaprah, tembung tresno amung kanggo ancik2 ngumbar howo.,
nlikung atine liyan kanggo mburu seneng pribadi...tanpa kepikir yan iku bisa banget  gawe tatu tumprap pawongan kang uger setyo dhateng tembung sejatine "tresno"

"duh nini...wus ulapono waspomu kang tansah tumetes saka beninge netramu...."
 uwis ojo le banget-banget sliramu ngetuni dalan kang wus kajangkah, pupusen goreh e atimu, kabeh iku wis kudu sliramu temahi, getun keduwung iku mesthi tibo ing mburi. amung saiki sliramu kudu luwih sathiti, ojo lumaku lan jangkah ing mergi kang podho, waspodakno dalan kang bakal sliramu liwati, timbang-timbangen nini, bejo lan sengsorone yen sliramu angliwati dalan iku .
ora ono tembung bener lan salah ananging iku kabeh amung pilihan, yen sliramu rumongso bisa ngliwati iku kabeh, tindakkno kanthi ati kang percoyo, ananging yen sliramu ngroso abot lan kabotan, becik selehno lan singkirone katimbang rekoso ing tembe mburi lan ora becik kanggo liyan....
wis nini amung iku kang biso tak aturake, amung pepujiku marang Hyang Widhi tansah o sliramu lir soko sambikolo, mogo-mogo kabagyan bakal siro tompo, amung adum rahayu basuki dumugi telasing jaman....

Tidak ada komentar:

Posting Komentar